Lokasi Pengoenjoeng Blog

Sabtu, 28 Maret 2009

Kencur Mbeningake Swara

Pengantar:
Jaman sekarang tidak banyak lagi cerita yang ditulis dalam bahasa Jawa. Padahal dulu bahasa Jawa ini akrab dengan keseharian kita2 yang hidup di Jogja (dan sekitarnya). Nah, berikut ini sengaja kita tayangkan kisah mengenai “kencur” versi boso Jowo. Yah, idep2 tombo kangen boso simbok (bahasa ibu).


Judul: Kencur Mbeningake Swara

Bu Waljinah lan para waranggana umume tansah ngemut kencur kanggo njaga amrih swarane tetep bening lan kepenak ora serak. Sawijining bukti menawa kencur nduweni kasiyat njaga tenggorokan saka sawernaning gangguan lan penyakit.

Kencur wis dianggo jamu karo para leluhur turun tumurun. Sakliyane iku ugo kena kanggo mbobok sendhi sing abuh, pegel linu, njarem. Biasane dicampur karo beras sing wis dialuske. Ugo iso kanggo bumbu masak, saknajan ambune ora enak, ora karuan. Bumbu pecel, gudhangan, ora bakal mak jooosss tanpa kencur.

Miturut mbak Afriastini, ahli taneman obat, tanduran kencur asale saka India, banjur sumebar menyang Asia Tenggara, Cina, lan Australia. Wong Jawa ngarani kencur, yen wong Aceh ngarani ceuko, wong Minang ngarani cakne, wong Sunda ngarani cikur, wong Bali ngarani cekuh.

Geneya kencur nduweni kasiyat obat sing becik? Miturut si mbak, merga kencur ngandhut minyak atsiri sing akeh, sineol, asam metakanil, pentadekaan, asam sinamik, bromeol, kamphene, paranenmarin, anisik, alkaloid, gom, mineral, lan pathi. Zat-zat kasebut kasiyate kanggo ngangetake awak, nyingsetake awak (pelangsing), ngilangi rasa lara (nyeri), nglancarake wetune angin saka awak, lan ngencerake riak. Jamu beras kencur bisa nguwatke awak, marai ora gampang masuk angin.

Jeneng Latin-e Kaempferia galanga L. Kasiyate kanggo tamba lara watuk, radhang lambung, lara weteng (mules), panas njero, keracunan panganan, masuk angin, lan mbeningake swara. Kanggo mbeningake swara lan njaga tenggorokan supaya resik carane mung dimamah lan diulu banyune sethithik-sethithik, utawa diemut kaya yen ngemut permen. Kajaba mbeningake swara, ugo nglegakake tenggorokan lho..

Kencur iku kena kanggo tamba lara watuk.
Resepe:
Kencur 2 jempol, brambang 5iji, kapulaga 3 iji, klengkeng 6 dibuwang isi lan kulite, godhong jinten 7 lembar, jahe sethithik. Kabeh bahan mau sawise dionceki lan dikumbah resik banjur digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone, banjur disaring. Yen arep ngombe mundhut 1/2 gelas ditambah madu 2 sendhok dhahar. Sedina ngombe ping telu, saben ngombe cukup setengah gelas.

Tamba Radhang lambung
Kencur sajempol dikumbah resik banjur dimamah karo uyah sethithik, duduhe dieleg sethithik-sethithik karo diombeni banyu anget sagelas. Pangombene banyu uga mbaka sethithik. Katindakake sedina kaping pindho.

Tamba Weteng mules
Kencur sajempol dikumbah resik terus diparut, ditambah banyu mateng ½ cangkir lan uyah sethithik. Diperes, disaring, banjur diombe. Sedina kaping telu.

Nggo Nglangsingake awak
Kencur sajempol dikumbah resik terus diparut. Ditambah glepung beras sing anyar (mentas ndheplok) saksendhok dhahar, gula aren sakcukupe. Kabeh bahan mau dikom banyu umub 1/2 gelas, ditutup, dileremake nganti manget-manget. Diudhak banjur disaring lan diunjuk. Sedina kaping telu, esuk awan lan sore. Nalika ngunjuk jamu iki ora kena dhahar panganan sing ngandhut lemak (gajih), santen, gorengan, panganan sing legi-legi. Aja ngemil, tanpo perlu. He he...

Gitu loh…

(Ature: Yunani)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar