Lokasi Pengoenjoeng Blog

Senin, 01 Juni 2009

KAWRUH BEGJA..., Getun - Sumelang

Getun - Sumelang

Getun punika ajrih dhateng lelampahan ingkang sampun kalampahan. Sumelang punika ajrih dhateng lelampahan ingkang dereng kalampahan. Getun lan sumelang punika ingkang murugaken dhateng tiyang ngenes, prihatin, la cilaka.

Getun punika raosipun "mbok biyen-biyen ngenea, aku wis beja kaya ngana lan ora cilaka kaya ngene." Getun punika ajrih dhateng lelampahan ingkang sampun kalampahan, ajrih anggenipun murugaken dhawah cilaka, susah sajege. Kalairaning getun punika ajrih anggenipun dhawah mlarat, papa, sekeng.

Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak yen kaleres getun, kados makaten: "Sanajan biyen-biyen kapriye-kapriye, rasane ya mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah," lan lajeng sirna getun kados makaten wau. Getun punika ngambra-ambra, ajrih dhateng ingkang aneh-aneh, ajrih kuwalat, ajrih duraka, raosipun: "Aku biyen ajaa kuwalat karo kae, duraka nggonku ngene, wis beja kaya kana lan ora cilaka kaya kene." Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak yen kaleres getun, kados makaten: "Sanajan biyen-biyen kuwalat utawa ora kuwalat, duraka utawa ora duraka, rasane ya mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah," lan lajeng sirna getun kados makaten wau.

Getun punika saya ngambra-ambra ajrih dhateng ingkang saya aneh, saya aneh, ajrih anggenipun gesang kesasar, raosipun: "Aku biyen ajaa dadi anake si bapak karo simbok kuwi, wis beja kaya kana lan ora cilaka kaya kene." Yen mangertos, bilih tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak yen kaleres getun, kados makaten, "Sanajan biyen-biyen dadi anake bapak simbok kuwi utawa ora dadi anake bapak simbok kuwi, rasane ya mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah," lan lajeng sirna getun kados makaten wau.

Getun, ajrih anggenipun gesang kesasar, princen-princenipun ngantos ajrih dene kesasar gadhah bojo si anu lan gadhah anak si anu, raosipun. "Aku biyen ajaa kesasar duwe bojo si konok onggrok kuwi, duwe anak si konok onggrok kuwi, wis beja kaya kana lan ora cilaka kaya kene." Yen mangertos, bilih tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak yen kaleres getun, kados makaten: "Sanajan biyen-biyen duwe bojo si konok onggrok utawa ora duwe bojo si konok onggrok, duwe anak si konok onggrok utawa ora duwe anak si konok onggrok, rasane ya mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah," lan lajeng sirna getun kados makaten wau. Kados makaten ugi sumelang.

Sumelang punika raosipun: "Gek mbesuk-mbesuk kapriye, nek aku ora beja kaya kana, nek lestari cilaka kaya kene. Sumelang punika ajrih dhateng lelampahan ingkang dereng kalampahan, ajrih yen dhawah cilaka, susah sajege. Kalairaning sumelang punika ajrih, yen dhawah mlarat, papa, sekeng.

Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak, yen kaleres sumelang kados makaten: "Sanajan mbesuk-mbesuk kapriye-kapriye, sanajan bumi tangkep karo langit, rasane ya mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah," lan lajeng sirna sumelang kados makatan wau. Sumelang punika ngambra-ambra ajrih dhateng ingkang aneh-aneh, ajrih kuwalat ajrih duraka. Lo rak ajrih ingkang aneh-aneh, la tiyang kuwalat utawi duraka punika punapa mawon boten mangertos, kok ajrih.

Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak, tur ngeteger mawon: "Ayah, gene kok ana, wong kok nganggo kuwalat-kuwelet priye, duraka-duraka apa. Kuwalat, ya mesthi gek bungah, gek susah, lan duraka, ya mesthi gek bungah, gek susah. Jare-jarene kuwalat ki endhase neng ngisor lan sikile neng ndhuwur. Ya wis, malah kaya apa rasane, dene jing genah we, wis dirasakake pirang-pirang puluh taun, endhase neng ndhuwur lan sikile neng ngisor, ya ora kapenak. Apa nek padu karo tanggane kae kapenak? Apa nek padu karo bojone kapenak? Galo kae, endhase neng ndhuwur lan sikile neng ngisor," lan lajeng sirna sumelang kados makaten wau.

Sumelang punika saya ngambra-ambra, ajrih dhateng ingkang saya aneh, saya aneh, ajrih yen pejah kesasar. Lo, rak ajrih ingkang saya aneh, saya aneh, wonten tiyang pejah kok mawi kesasar punapa. Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak, tur ngeteger mawon: "Ayah, gene kok ana, wong mati kok nganggo kesasar-kesasar nyang endi? Lan nek nganggo kesasar, ya kesasar nyang urip, lan ya wis dilakoni urip kethap-kethip kaya kene iki. La nek ana wong mati kesasar, teneh ya ana wong urip kesasar, gene dhek arep urip, ya ora nganggo takon-takon, lan ora nganggo sesangu lan ya banjur urip 'bedhengus' lan kabeneran irunge tiba ing ndhuwur cangkem, lan kupinge tiba ngiringan lan endhase neng ndhuwur lan sikile neng ngisor, lan ya metu dalan sing bener lan ora kesasar metu saka ing ngendi-endi," lan lajeng sirna sumelang kados makaten wau.

Sumelang, ajrih yen pejah kesasar, princen-princenipun ngantos ajrih yen pejah kesasar nitis dados celeng. Lo, rak saya aneh, saya aneh, ingkang boten-boten, wonten tiyang pejah kok mawi kesasar nitis dados celeng punapa. Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak, tur ngeteger mawon: "Ayah, gene kok ana wong mati kok nganggo nitis dadi celeng barang. Ya wis, malahane kaya apa rasane, gene jing genah we, wis dirasakake dadi wong pirang-pirang puluh taun, ya ora kapenak. Apa nek golek utangan lan ora oleh kae kapenak? Apa nek ditagih utang lan ora bisa nyaur kae kapenak? Galo kae dadi wong. Malahane kaya apa rasane nek dadi celeng. Mengko rak ya ming enggrag-enggrog ndhedhes tela. Tur jing genah we ora wedi dipocot pagaweyane. Nanging nek neng nggrumbul we rada wedi." Lan lajeng sirna sumelang kados makaten wau.

Getun lan sumelang punika gadhah panginten, gadhah pamanggih, yen saged bungah sajege utawi susah sajege. Tiyang lajeng ngaya-aya pados bungah sajege utawi nyeri-nyeri nampik susah sajege. Inggih punika ingkang murugaken dhateng tiyang lajeng gugon tuhon, la cilaka.

Gugon tuhon punika nyambet-nyambetaken sebab lan kedadosan ingkang boten sambet. Contonipun upami tiyang bakulan sebel boten pepajengan, lajeng dipun sambet-sambetaken: "Iki sababe rak aku dhek malem Jumuwah ora kutug kae katara sebel ora pepayon ki." Lo, la tiyang kutug kok dipun sambetaken kaliyan sebel boten pepajengan, rak terang yen boten sambet, nanging yen gugon tuhon inggih dipun sambet-sambetaken kados makaten.

Contonipun ingkang langkung terang malih. Upami lare nembe dolan lan lajeng sakit lan mecicil-mecicil lan lajeng dipun sambet-sambetaken: "Iki rak dijegal jing mbaureksa prapatan katara mecicil-mecicil ki." Lo, lare mecicil-mecicil kok dipun sambetaken kaliyan ingkang mbaureksa prapatan, rak terang yen boten sambet.

La tiyang dhateng ingkang mbaureksa prapatan mawon dereng sumerep. Ingkang mbaureksa punika punapa, inggih boten sumerep, suku kalih punapa suku sakawan, nigan punapa nusoni, inggih boten sumerep, kok dipun wastani saged njegal. Nanging yen gugon-tuhon, tiyang inggih nyambet-nyambetaken kados makaten.

Contonipun gugon tuhon ingkang radi mratah. Nalika redi Merapi njeblug, lajeng dipun sambet-sambetaken: "Iki rak Kanjeng Ratu Kidul duka, arep mantu lan golek bekakak ora oleh-oleh, katara gunung Merapi dijeblugake, blag, blug, blag, blug, ki". Lo la tiyang redi Merapi njeblug, kok dipun sambetaken kaliyan Kanjeng Ratu Kidul, rak terang yen boten sambet.

La tiyang dhateng Kanjeng Ratu Kidul mawon dereng sumerep. Kanjeng Ratu Kidul punika punapa, inggih boten sumerep. Malah kenthang-kimpulipun mawon boten ngertos, lan kanjeng ratu kidul punapa godhog utawi goreng, inggih boten ngertos, kok dipun wastani yen saged duka, nanging yen gugon tuhon, tiyang inggih nyambet-nyambetaken kados makaten.

Wateging gugon tuhon punika murugaken dhateng tiyang lajeng nglampahi ingkang aneh-aneh lan nyirik ingkang aneh-aneh. Kadosta nglampahi dalu-dalu kungkum sajam, tur kawan dasa dalu. Lo, rak nglampahi ingkang aneh-aneh.

Nalika badhe nglampahi, tiyang gadhah pamanggih: "Nek aku angger bengi kungkum nganti sajam, nganggo muni-muni ngene, ndremimil ngene, tur patang puluh bengi, aku bakal katrima, bungah sajege." Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng padhang paningalipun lan lajeng sumerep angsal-angsalipun tiyang dalu-dalu kungkum. Angsal-angsalipun asrep, nggebibir.

Tuwas bojonipun asrep lan kethap-kethip boten saged-saged tilem, jalaran ngentosi lan dipun sengiti mara sepuhipun. Sinten-sintena, yen gadhah mantu damelipun kungkam-kungkum, kungkam-kungkum, rak mesthi gregetan sanget. La tiyang anggenipun pados mantu punika supados ngopeni anakipun, kok anakipun dipun tilar kungkam-kungkum, kungkam-kungkum.

Nyirik ingkang aneh-aneh kadosta nyirik nedha, nyirik tilem. Lo, rak nyirik ingkang aneh-aneh, ingkang boten-boten. La tiyang luwe punika ecanipun yen nedha, lan tiyang ngantuk punika sakecanipun yen tilem, kok dipun sirik.

Tur tiyang lajeng nggresah, ungelipun boten nate sakeca, la tiyang ingkang sakeca-sakeca dipun sirik. Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng padhang paningalipun lan lajeng sumerep angsal-angsalipun nyirik nedha lan nyirik tilem. Angsal-angsalipun luwe lan ngantuk.

Tur punika yen pandaka. Mangke nyirik saweg angsal sapeken mawon, yen kalimpe, lajeng mak gleler. Tur lajeng tutuh-tutuhan: "La wong wis diwanti-wanti kaya kana, lagi nglakoni lan digolekake katrima, la kok njur gelem. La dadi batal kabeh lan saiki arep miwiti maneh wis wegah.

Nyirik ingkang aneh-aneh punika ngantos keplantrang-plantrang nyirik bojonipun piyambak. Lo, rak keplantrang-plantrang nyirik kok bojonipun piyambak. La punapa ingkang nyirik lan ingkang dipun sirik punika sakeca?

Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng padhang paningalipun lan lajeng sumerep angsal-angsalipun nyirik bojonipun piyambak. Angsal-angsalipun betah melek. Kados makaten wateging gugon-tuhon anggenipun nglampahi ingkang aneh-aneh lan nyirik ingkang aneh-aneh, jalaran gadhah pamanggih, saged bungah sajege utawi saged susah sajege.

Oleh: Ki Ageng Suryomentaram

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar