Lokasi Pengoenjoeng Blog

Senin, 01 Juni 2009

KAWRUH BEGJA..., Tatag

Tatag

Yen mangertos, yen tiyang punika langgeng, tiyang lajeng luwar saking naraka getun sumelang lan manjing swarga tatag, tegesipun "apa-apa ya wani". Dados tiyang sugih, tatag; lan dados tiyang mlarat, tatag; dados ratu, tatag; lan dados kuli, tatag; dados wali, lan dados bajingan, tatag; jalaran ngertos, yen sadaya-sadaya punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Yen luwar saking naraka getun sumelang lan manjing swarga tatag, tiyang lajeng padhang paningalipun lan lajeng mangertos, yen sadaya lelampahan punika boten wonten ingkang nguwatosi, nanging inggih boten wonten ingkang menginaken.

Pokokipun ingkang nguwatosi punika susah, mangka tiyang mesthi kuwawi. Sampun dipun lampahi ping pinten-pinten ewu susah, tiyang inggih kuwawi yektos. Sanget-sangeting susah punika wirang sanget, sakit sanget.

Mangka yen namung wirang sanget, sakit sanget mawon, tiyang mesthi kuwawi. Dene yen sambatipun, inggih boten kuwawi. Upami kawirangan, tiyang punika sambatipun: "Nek kawirangan san ji ki, jan ora kuwat tenan aku, lan nek kawirangan jing wis-wis kae, wis ora tak rasakake, ning nek san ji ki, jan nggares tenan." Yen luwar saking naraka getun sumelang lan manjing swarga tatag, tiyang lajeng saged meleh-melehaken dhateng awakipun piyambak ingkang damelipun goroh, kados makaten: "Endi kawirangan jing kowe ora kuwat, la kuwi, lagi dilakoni, ya kawirangan banget tenan, ya nyrengingis tenan, ya nganti ora wani metu saka ngomah tenan, endi kawirangan jing kowe ora kuwat?"

Kados makaten yen sakit, tiyang punika sambatipun: "Nek lara kenek san ji ki, jan ora kuwat tenan aku lan nek lara seje-sejene kae, wis ora tak rasakake, ning nek kenek san ji ki, jan satengah mati tenan." Yen luwar saking naraka getun sumelang lan manjing swarga tatag, tiyang lajeng saged meleh-melehaken dhateng awakipun piyambak ingkang damelipun gerah, kados makaten: "Endi lara jing kowe ora kuwat, la kuwi lagi dilakoni, ya lara banget tenan, ya bengok-bengek tenan, endi lara jing kowe ora kuwat? Mangka banget-bangete lara ki ming mati, mangka nek ming mati we ya mesthi kuwat, lan dilakoni wong pirang-pirang ewu padha mati, lan ya mati tenan, lan nek aku mati, ya mati kaya jing padha mati kae."

Lajeng thukul raos sugih, jalaran sadaya lelampahan punika dipun lampahi tiyang mesthi kuwawi lan mesthi cekap. Yen kawirangan, angger sampun nyrengingis inggih sampun cekap lan sampun dipun lampahi kaping pinten-pinten ewu nyrengingis, inggih nyrengingis yektos, lan inggih cekap yektos lan inggih mesthi lajeng thukul raos sugih. Yen namung ngedalaken crengingis, kaping sawidak sadinten mawon, tiyang inggih taksih sugih lan yen sakit, angger sampun bengok-bengok, inggih sampun cekap, lan yen pejah, angger sampun kendel mawon, inggih sampun cekap. Pokokipun ingkang menginaken punika bingah. Mangka bingah punika mesthi kalampahan. Wonten pundi mawon, benjing punapa mawon, kados pundi mawon, inggih mesthi kalampahan bingah.

Upami kasusahan, griyanipun kobong telas-telasan. Mangke namung wonten kathokipun boten katut kobong mawon: "Wah tujune kathokku ora katut kobong," inggih sampun bingah. Upami kasusahan, sukunipun keplithes motor "klethes" lan lajeng tugel lan mangke yen emut: "Wah tujune endhasku ora katut keplithes, inggih sampun bingah."

Yen sirahipun keplithes "klethes" lan lajeng pejah: "Wah tujune bojoku ora katut keplithes." Yen mangertos, yen sadaya lelampahan punika boten wonten ingkang nguwatosi, nanging inggih boten wonten ingkang menginaken, tiyang lajeng padhang paningalipun, tiyang lajeng luwar saking barang salumahing bumi lan sakurebing langit. Jalaran tiyang mangertos, yen barang salumahing bumi lan sakurebing langit punika boten saged munasika dhateng tiyang, tegesipun boten saged murugaken beja lan boten saged murugaken cilaka, boten saged murugaken bungah lan boten saged murugaken susah.

La tiyang ingkang murugaken bungah punika karep kalampahan, lan dede barangipun ingkang dipun karepaken ingkang murugaken bungah. La tiyang ingkang murugaken susah punika karep boten kalampahan lan dede barangipun ingkang dipun karepaken ingkang murugaken susah.

Contonipun yen barang-barang punika boten murugaken bungah lan boten murugaken susah. Upami jawah punika murugaken bungah. Teneh saben jawah tiyang mesthi bungah, mangka yektosipun boten. Tiyang mbarang kethoprak, yen jawah, mesthi susah. Upami jawah punika murugaken susah. Teneh saben jawah, tiyang mesthi susah, mangka yektosipun boten. Tiyang tani, yen kaleres mangsa tanem, yen jawah mesthi bungah.

Contonipun ingkang langkung terang malih yen barang-barang punika boten murugaken bungah lan boten murugaken susah. Upami gadhah bojo lan gadhah anak punika murugaken bungah. Teneh saben tiyang gadhah bojo lan gadhah anak punika ajeg bungah, mangka yektosipun boten. Yen kaleres paben kaliyan bojonipun lan rewel anakipun, tiyang mesthi susah. Upami gadhah bojo lan gadhah anak punika murugaken susah. Teneh saben tiyang gadhah bojo lan gadhah anak punika ajegan susah, mangka yektosipun boten. Yen kaleres pasihan kaliyan bojonipun lan ngudang anakipun, tiyang mesthi bungah.

La, dados barang-barang kok murugaken bungah, kok murugaken susah, punika rak terang yen boten. Mila salumahing bumi sakurebing langit punika boten wonten barang ingkang pantes dipun aya-aya dipun padosi utawi dipun ceri-ceri dipun tampik.

Oleh: Ki Ageng Suryomentaram

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar