Lokasi Pengoenjoeng Blog

Senin, 01 Juni 2009

KAWRUH BEGJA..., Meri - Pambegan

Meri - Pambegan

Meri punika rumaos kawon tinimbang tiyang liya lan pambegan punika rumaos menang tinimbang tiyang liya. Meri lan pambegan punika, ingkang murugaken dhateng tiyang lajeng ngaya-aya, jengkelitan, la cilaka. Anggenipun pados semat, drajat, kramat, tiyang lajeng sarwa ngaya-aya, raosipun kemrungsung: "Wis golek dhuwit we jing akeh, supaya sugih kaya kae, aja nganti mlarat kaya kae, dadi banjur bisa ngece kae lan ora diece kae, lan golek drajat we jing luhur, supaya mulya kaya kae, aja nganti papa kaya kae, dadi banjur bisa kajen kaya kae lan ora remeh kaya kae, lan golek kramat we jing gedhe-gedhe, supaya kuwasa kaya kae aja nganti sekeng kaya kae, dadi banjur bisa ngekul kae lan ora dikul kae," lan saking sangeting kemrungsung, tiyang ngantos gadhah raos: "Nek ora ngene, angur matia."

Mangka raos "nek ora ngene angur matia", punika, yen kerep-kerep dhateng murugaken dhateng tiyang, lajeng asring medal tekadipun ingkang aneh-aneh lan lajeng asring nglampahi aneh-aneh. Adakanipun tiyang punika, yen nembe kabrongot meri pambegan, lajeng madhukun-madhukun, maguru-maguru, lan lajeng taken dhateng kyai dhukun, kyai guru, "Dospundi kyai, lelampahan kula niki kok tansah rekaos mawon, napa leh kula gesang niki mila sedhiyan digithing, la sakecane dospundi, kyai," lan mangke yen dipun tantun: "Samang napa gelem ta nglakoni, ning abot, mangke rak njur rada mayar, semanten niku nek katrima, lo, gelem ta dipendhem patang puluh dina?" Dipun tantun kados makaten wau, saking petenging paningal kabrongot meri pambegan, tiyang asring medal kasagahanipun, "Nggih, di pendhem nggih dipendhem, janji banjur katrima, mangke nek mati malah kebeneran, tinimbang urip sapisan we kok dadi ecen-ecenane tanggane, mrana diece lan mrene diece," tur mangke yen dipun damelaken jugangan yektos lan ngungak juganganipun, tiyang wau lajeng dheg-dhegan, thingak-thinguk: "Mungguh le dipendhem niku nek empun bar tanggal loro pripun, nggih?"

Yen mangertos, yen raosing gesang tiyang sajagat punika sami rnawon, tiyang lajeng padhang paningalanipun lan lajeng sumerep angsal-angsalanipun tiyang dipun pendhem sakawan dasa dinten. Angsal-angsalanipun inggih namung buneg. La tiyang dipun bungkem kalih menit mawon sampun kaplepegen, kok dipun pendhem sakawan dasa dinten.

Gegayuhaning meri pambegan punika pathok pados ngungkuli tangga-tangganipun: tedha, pados ngungkuli; sandhang, pados ngungkuli; griya, pados ngungkuli; bojo, pados ngungkuli; anak, pados ngungkuli lan punapa-punapa sarwa pados ngungkuli tangga-tangganipun. Mangka tangga-tangganipun inggih pados ngungkuli tangga-tangganipun. Mila tiyang pinten-pinten ewu, pinten-pinten yuta, yen kabrongot meri pambegan, damelipun namung ungkul-ungkulan, la inggih lajeng asor sadaya.

Yen pados ngungkuli punika kaplesed-kaplesed mawon malah dhawah kungkulan, tiyang lajeng kaken manahipun: "Ya sanajan aku dhedhel dhuwel kae, angger tanggaku wis rekasa, wis lega atiku." Mangka tangga-tangganipun inggih pados rekaosipun tangga-tangganipun. Mila tiyang pinten-pinten ewu, pinten-pinten yuta, yen kabrongot meri pambegan, damelipun namung pados rekaosipun tangga-tangganipun.

Yen pados rekaosipun tangga-tangganipun kablinger-blinger malah dhawah dhedhel dhuwel, tiyang lajeng telas-telasanipun namung kantun ngraos-ngraosi tangga-tangganipun. Mangka tangga-tangganipun inggih ngraos-ngraosi tangga-tangganipun. Mila tiyang pinten-pinten ewu, pinten-pinten yuta, yen kabrongot meri pambegan, damelipun namung raos-raosan lan malah saben pating krenuk kaliyan bojonipun, tiyang punika yen ngraosi tangga-tangganipun, ngantos tlesih: "Jane si anu kae wis rekasa ta wis, mung durung ketara wae, la wong gadhene ki wis bur lan wite krambil ki wis ora tau ngundhuh, ning ya dianggo dhewe wae."

Mangka saweg pados ngungkuli tiyang satunggal mawon, tiyang sampun ngaya-aya, dipun rencangi tirakat-tirakat dumugi Luwarbatang, dumugi Nglawet, dumugi guwa Langse, dumugi Gedander punapa punika. Mangke yen sampun ngungkuli tiyang satunggal, tiyang inggih lajeng rumaos, yen wonten tiyang sanesipun ingkang ngungkuli. La tiyang inggih lajeng ngaya-aya malih, tirakat-tirakat malih, pados ngungkuli malih, mangka cacahipun ingkang ngungkuli punika kathah sanget.

Saya pados ngungkuli princen-princenipun, tiwas dipun rencangi tirakat-tirakat punapa punika, mesthi boten saged kalampahan. Upami ngungkuli sematipun, kungkulan drajatipun, tiyang inggih lajeng ngaya-aya pados ngungkuli drajatipun. Upami ngungkuli drajatipun, nanging kungkulan kramatipun, tiyang inggih lajeng ngaya-aya pados ngungkuli kramatipun. Upami ngungkuli kramatipun, nanging kungkulan bagusipun, tiyang inggih lajeng ngaya-aya gemagus pados ngungkuli bagusipun. Upami ngungkuli bagusipun, nanging kungkulan enemipun, tiyang inggih lajeng ngaya-aya pados ngungkuli enemipun, jalaran tiyang nem punika, yen kaleres wonten ing janggrungan, rak dipun selak-selakaken. Upami ngungkuli nemipun, nanging kungkulan sepuhipun, tiyang inggih lajeng ngaya-aya pados ngungkuli sepuhipun, jalaran tiyang sepuh punika, yen kaleres kendhuren, rak dipun pilihaken ingkang empuk-empuk.

Rumaosing meri pambegan punika, saben kepethuk tiyang, yen boten ngungkuli inggih kungkulan, lan yen ngungkuli raosipun ngece: "Galo si anu kae rak cilaka ta, jeneh ora gelem nggugu aku, ora gelem tiru aku, ya cilaka," lan yen kungkulan raosipun kemropok, lajeng ngraos-ngraosi, moyok-moyoki: "Karuwan iya wae, nek si anu kae mubra-mubru, la wong cethile ora jamak, nek ngising katutan dhele we dicuthiki." Mangka saben medal saking nggriya, tiyang punika mesthi kapethuk tiyang, mangka yen boten ngungkuli inggih kungkulan, mila ingkang dipun raosaken, awit alit dumugi sepuh, yen kabrongot meri pambegan, inggih namung kemropok, ngece, kemropok, ngece, la tiyang namung ngungkuli, kungkulan.

Yen badhe ngertos meri pambeganipun piyambak, ungkulipun piyambak, ingkang cetha wonten nggen sesrawungan, upami kaleres ningali pasar malem, wonten nggen tiyang gadhah damel, wonten nggen pasamuan-pasamuan punapa punika; mangke yen rumaos kungkulan sinjangipun, lajeng ngemek udhengipun: "Yah, ning ikete menang anyar," mangke yen rumaos kungkulan udhengipun, lajeng mathentheng ngatingalaken rasukanipun: "Yah, ning klambine menang apik," mangke yen taksih rumaos kungkulan, lajeng cincing ngatingalaken kathokipun: "Yah, ning kathoke menang kombor," mangke yen meksa taksih rumaos kungkulan, kaken manahipun, lajeng ngedalaken pipanipun: "Yah, ning pipane menang dawa."

Paningaling meri pambegan punika kuwolak-kuwalik, ningali lelampahan sadaya kuwolak-kuwalik, ningali jagat saisinipun sadaya kuwolak-kuwalik, boten leres. Contonipun upami tiyang kapengin gadhah pit, yen saking sangeting kemrungsung, gadhah raos: "Nek ming ora duwe apa-apa we, ora tak rasakake, ning nek ora duwe pit ki, jan ora bisa nglakoni tenan aku," mila yen kapethuk tiyang numpak pit, saya yen ingkang numpak pit tangganipun, ingkang dipun sengiti, inggih punika ingkang badhe dipun ungkuli malah awakipun dhawah kungkulan, lajeng dipun kring, inggih mak tratap lan lajeng pet-petan, mangke yen mantuk inggih ngungkep-ungkep boten saged-saged tilem lan lajeng ngraos-ngraosi, moyok-moyoki: "Karuwan iya wae, nek si anu kae bisa duwe pit, la wong direwangi ora lumrah wong, dilabuhi rai gedheg, nek aku mono mula jan wong ora bisanan, angger ketok duwe wae." Lo rak terang paningal kuwolak-kuwalik, kapethuk tiyang numpak pit, kok pet-petan, la punapa tiyang numpak pit punika murugaken pet-petan, rak terang yen boten, nanging yen kabrongot meri pambegan inggih mesthi kuwolak-kuwalik makaten.

Saking sangetipun kuwolak-kuwalikipun paningal, ngantos sumerep tiyang ayu utawi tiyang bagus, yen tiyang jaler sumerep tiyang ayu lan yen tiyang estri sumerep tiyang bagus, paningalipun kuwolak-kuwalik, mangke yen sumerep bojonipun, inggih lajeng sengit, lajeng ngraos-ngraosi, moyok-moyoki: "Nek tak rasak-rasakke, bojoku ki kok jan elek tenan, wis rupane ala lan atine ala, andekpuna kok dadi bojoku, iki rak dudu sabaene, iki biyen, nek ming bares-baresan we, rak ora kalakon, iki rak nganggo diguna-gunani aku biyen, dadi banjur ngenel ka kene ki." Lo rak terang paningal kuwolak-kuwalik, sumerep tiyang ayu, tiyang bagus, kok lajeng sengit dhateng bojonipun, la punapa tiyang ayu, tiyang bagus, murugaken sengit dhateng bojo, rak terang yen boten, nanging yen kabrongot meri pambegan, inggih mesthi kuwolak-kuwalik makaten. Kados makaten kuwolak-kuwaliking paningal, yen kabrongot meri pambegan.

Oleh: Ki Ageng Suryomentaram.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar