Lokasi Pengoenjoeng Blog

Senin, 01 Juni 2009

KAWRUH BEGJA..., Tentrem

Tentrem

Yen mangertos, yen raosing gesang tiyang sajagat punika sami mawon, tiyang lajeng luwar saking naraka meri pambegan lan manjing swarga tentrem, tegesipun, apa-apa sakepenake, sabutuhe, saperlune, sacakupe, samesthine, sabenere. Tiyang lajeng saged ngraosaken raosing gesang ingkang sayektos, inggih punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Jalaran nalika kabrongot meri pambegan tiyang punika boten saged ngraosaken raosing gesang ingkang sayektos.

Contonipun upami nedha, sanajan saben dinten damelipun nedha, tiyang boten saged ngraosaken raosing nedha, lan saben nedha, ingkang dipun raosaken namung tedhanipun, tangga-tangganipun, lan awakipun piyambak nggresah: "Nek si anu, si anu, si anu kae ya kapenak-kapenak wae, la wong pangane ki ajeg, sadina-sadinane mesthi ping telu, sapiring-sapiring, tur lawuhe ki enak-enakan lan solan-salin gek endhog, gek iwak, gek endhog, gek iwak, la nek awake dhewe ki ya cilokak-cilekek wae, la wong pangane ki ora ajeg, lan lawuhe ki mari mati mung uyah, sambel, uyah, sambel, lan dhuwur-dhuwure ki mung tempe, lan yen kapengin iwak pitik ki mung keduman mbubuti, mbetheti, mbubuti, mbetheti." Yen sampun luwar saking naraka meri pambegan lan manjing swarga tentrem, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak: "Lo, iki priye ta ana wong mangan kok gemeder, le mangan ki enak apa ora, nek enak ya dibacutake, nek ora ya ora dibacutake," lan lajeng padhang paningalipun sumerep dhateng gegayuhanipun tiyang nedha, lan gegayuhaning nedha punika eca lan tuwuk, mangka pados eca lan tuwuk punika gampil sanget, jalaran saben luwe, nedha sabarang, ingkang limrahipun dipun tedha tiyang, mesthi eca, lan saben kathah, mesthi tuwuk. Dados bau suku punika tirah-tirah kangge pados tedha ingkang eca lan ingkang tuwuk.

Mila raosing gesang ingkang sayektos, inggih punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah, wonten nggen nedha punika mesthi gek eca, gek boten eca, gek eca, gek boten eca, lan gek tuwuk, gek luwe, gek tuwuk, gek luwe. Nanging yen kabrongot meri pambegan, tiyang inggih boten perduli eca lan boten perduli tuwuk, nanging namung pathok pados ngungkuli. Yen badhe ngertos meri pambeganipun piyambak utawi ungkulipun piyambak wonten nggen nedha, ingkang cetha yen kaleres sesarengan kaliyan tiyang kathah wonten ing wande-wande punapa punika.

Mangke nembe dhateng "dhog" mawon, awakipun piyambak lajeng aba: "godhog". Mangke saweg dipun ulungaken mawon, awakipun piyambak lajeng aba malih: "goreng", endi lomboke jing "akeh". Mangke yen sesarenganipun nyepeng tigan awakipun piyambak lajeng nyepeng dhadha menthok "ceg" lan yen tanganipun tengen sampun nyepeng, tanganipun kiwa lajeng nyepeng "ceg". Mangke yen meksa taksih rumaos kungkulan, awakipun piyambak kaken manahipun lan lajeng sukunipun dipun tumpangaken meja "slengkreng", tur lajeng singsot nanging boten mungel.

Saking petenging paningal kabrongot meri pambegan, sanajan anak putunipun sampun rendhel, tiyang boten saged ngraosaken raosing gadhah bojo. Saben kapanggih bojonipun, ingkang dipun raosaken bojonipun tangga-tangganipun lan awakipun piyambak nggresah: "Nek si anu, si anu, si anu kae ya kapenak-kapenak wae, la wong bojone demenakake, gemati, manut, nek awake dhewe ki ya cilokak-cilekek wae, la wong bojone rewel, thik-thik muring, thik-thik muring." Yen sampun luwar saking naraka meri pambegan lan manjing swarga tentrem, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak: "Lo, iki priye ta, ana wong duwe bojo kok gumeder, le duwe bojo ki penak apa ora, nek penak ya dibacutake, nek ora penak ya ora dibacutake," lan lajeng padhang paningalipun, lan lajeng sumerep, yen tiyang gadhah bojo punika nikmat.

Yen badhe mangertos nikmatipun tiyang gadhah bojo, yen dalu-dalu lan asrep-asrep, saya gek jawah-jawah, ungsel-ungselan kaliyan bojonipun inggih lajeng anget, lan yen kaken boyokipun inggih lajeng lemes, lan tilemipun inggih lajeng nglegeses, lan enjing-enjingipun inggih lajeng bingar, lan nyambut damel inggih lajeng sigrak. Lo, tiyang gadhah bojo punika rak nikmat. Cobi yen boten gadhah bojo, rak boten nikmat kados makaten, yen dalu-dalu, asrep-asrep saya gek jawah-jawah, yen asrep inggih asrep yektos, yen ngungsel-ungsel, inggih ngungsel-ungsel galar, lan yen kaken boyokipun, inggih lestantun kaken, lan yen mapan tilem kethap-kethip, awit jam sanga dumugi jam tiga dereng saged tilem, jalaran ngraosaken bojonipun tangga-tangganipun. Mila wateging dhudha, randha, jaka, prawan, sami betah melek, nganging yen kabrongot meri pambegan. Yen boten, inggih boten, inggih namung dhang-dhong mawon.

Dados raosing gesang ingkang sayektos, inggih punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah, wonten nggen gadhah bojo, punika mesthi gek nikmat, gek boten nikmat, gek nikmat, gek boten nikmat. Yen luwar saking naraka meri pambegan manjing swarga tentrem, tiyang lajeng uwal saking kuwajiban-kuwajiban ingkang awrat-awrat. Tiyang punika rak majib-majibaken dhateng awakipun piyambak: "Wong ki kudu ngene, pangane ngene, sandhange ngene, omahe ngene, karo bojone ngene, karo anake ngene, karo tangga-tanggane ngene," lan sadaya ngene-ngene wau ingkang awrat-awrat ngantos boten kenging dipun lampahi, jalaran cengkah kuwajiban sami kuwajiban.

Contonipun upami tangganipun badhe gadhah damel mantu, mangka awakipun piyambak tampi ulem, punika awakipun piyambak dipun wajibaken dhateng. Yen dhateng, awakipun piyambak punika dipun wajibaken ngangge sandhangan enggal lan inggih dipun wajibaken sangu yatra kangge nyumbang utawi kangge dhomino. Upami awakipun piyambak tampi ulem wau, mangka boten gadhah sandhangan enggal lan boten gadhah yatra, punika lajeng pakewet sanget, lan yen badhe boten dhateng ajrih, la tiyang tangganipun gadhah damel mantu, mangka tampi ulem, kok boten dhateng, lan badhe dhateng, inggih ajrih, la tiyang boten gadhah sandhangan enggal lan boten gadhah yatra, kok dhateng.

Yen sampun luwar saking naraka meri pambegan lan manjing swarga tentrem, tiyang lajeng saged nuturi awakipun piyambak: "Lo iki priye ta le nglakoni, la wong ora teka, wedi, lan teka, ya wedi, la apa rada teka lan rada ora wae, lan kaya apa jing jeneng rada teka lan rada ora, apa ming anguk-anguk neng pager wae, lan apa banjur mlebu nyang pawon wae 'bludhus' melu asah-asah." Tiyang lajeng padhang paningalipun lan lajeng saged nuturi awakipun piyambak: "Wis, nek arep teka, ya teka, lan nek ora, ya ora, la nek ora duwe sandhangan anyar, banjur nganggo sandhangan lawas, kuwi sabenere, lan nek ora duwe dhuwit, banjur ora nyumbang lan ora dhomino, kuwi sabenere." Dados raosing gesang ingkang sayektos, inggih punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Wonten nggen kuwajiban-kuwajiban punika mesthi gek ngene, gek ora ngene, gek ngene, gek ora ngene. Yen mangertos bilih raosing gesang tiyang sajagat punika sami mawon, inggih punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah, tiyang lajeng luwar saking naraka meri pambegan lan manjing swarga tentrem lan anggenipun pados semat, drajat, kramat, sakapenake, sabutuhe, saperlune, sacukupe, samesthine, sabenere, inggih punika tentrem.

Oleh: Ki Ageng Suryomentaram

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar