Lokasi Pengoenjoeng Blog

Senin, 01 Juni 2009

KAWRUH BEGJA..., Raos Sami

Raos Sami

Isining tiyang punika karep. Mangka karep punika wategipun gek mulur, gek mungkret, gek mulur, gek mungkret, inggih punika ingkang murugaken dhateng raosing gesang, awit alit dumugi sepuh, mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Sinten mawon, tiyang pundi mawon raosing gesang inggih mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah, la sintena mawon, tiyanga pundi mawon, isinipun inggih karep, la yen boten isi karep namanipun sanes tiyang, mangka saben karep mesthi kados makaten.

Dados raosing gesang tiyang sajagat punika sami mawon, inggih punika mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Sanajan tiyang sugih, sanajan tiyang mlarat, sanajan ratu, sanajan kuli, sanajan wali, sanajan bajingan, raosing gesang inggih sami mawon, inggih mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Raosing bungah susah, dangu sakedhaping bungah susah, sangeting bungah susah, punika ingkang sami mawon. Dene ingkang dipun bungahi, ingkang dipun susahi, punika ingkang beda-beda.

Upami tiyang sugih saged ngadegaken pabrik, inggih bingah. Tiyang mlarat saged ngadegaken kendhil, inggih bingah. Bingahipun tiyang mlarat saged ngadeg kendhilipun punika inggih bingah yektos, bingahipun tiyang sugih saged ngadeg pabrikipun punika inggih bingah yektos, sami-sami bingah yektos inggih sami mawon.

Upami ratu saged mbedhah kutha mboyong putri, inggih bingah. Kuli, saya yen kuli sepur, saged nracag gerbong mboyong koper, inggih bingah. Bingahipun kuli saged nracag gerbong mboyong koper, punika inggih bingah yektos lan bingahipun ratu saged mbedhah kutha mboyong putri, punika inggih bingah yektos, sami-sami bingah yektos inggih sami mawon.

Upami wali medal kramatipun saged mabur "bur", inggih bingah. Bajingan saged nyebrot "brut", inggih bingah. Bingahipun bajingan saged nyebrot "brut" punika inggih bingah yektos lan bingahipun wali saged mabur "bur" punika inggih bingah yektos lan sami-sami bingah yektos inggih sami mawon.

Nanging tiyang mlarat punika asring gadhah panginten, yen tiyang sugih punika boten nate susah. Panginten kados makaten wau klintu. La tiyang sugih punika isinipun inggih karep, mangka karep punika yen kalampahan mesthi mulur.

Upami tiyang sugih, ingkang sampun brewu, dados juragan bis lan sampun gadhah bis pinten-pinten atus, punika inggih mesthi mulur, kapengin gadhah sepur lan mangke yen sampun gadhah sepur, inggih mesthi mulur malih, kapengin gadhah prau kapal. Mangke dereng ngantos kalampahan gadhah prau kapal, namung saweg wonten juragan bis madeg enggal mawon, inggih lajeng susah, dheg-dhegan ajrih yen dipun jori. Dados tiyang sugih kados punapa kemawon, raosing gesangipun inggih mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah.

Kados makaten wali punika asring dipun kinten yen boten nate susah. Panginten kados makaten wau inggih klintu. La tiyang wali punika isinipun inggih karep.

Upami wali medal kramatipun, kados dene dongengipun ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung ing Mentaram, inggih punika ratu tur wali, nalika kagungan karsa tedhak dhateng Banten mabur "bur" inggih bingah, lan sareng wonten Banten badhe kondur dhateng Mentaram, mangka dipun tilar juru taman lan lajeng trondhol, inggih susah. Dados wali kados punapa mawon raosing gesangipun, inggih mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Yen mangertos, yen raosing gesang tiyang sajagat sami mawon, inggih mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah, tiyang lajeng luwar saking naraka meri lan pambegan.

Oleh: Ki Ageng Suryomentaram

1 komentar:

  1. Bolavita | Agen Bola | Sabung Ayam | Agen Casino online | Agen Bolatangkas | Agen Poker Online | Agen Tembak ikan | Agen Togel online / 4D | Agen Dragon Tiger | Agen Baccarat | Agen Sic Bo.

    Agen Judi Online Terpercaya Di Indonesia Bermain :

    • Sabung Ayam
    • Casino online
    • Bolatangkas
    • Taruhan Bola Online / Sportsbook
    • Poker Online
    • Tembak ikan
    • Slot Game
    • Togel online / 4D
    • Baccarat
    • Dragon Tiger
    • Roulette
    • Sic Bo
    • Niu-Niu
    • Sakong
    • Fan Tan

    Silahkan Bergabung dan DAFTAR kan Diri ANDA SEGERA DI WEB KAMI...!!! Dan BONUS CASHBACK 10% Dan BONUS REFFERAL 7%

    Yuk kita Main Sama Teman Dan Keluarga :*
    Minimal deposit 50.000,-
    Minimal Withdraw 50.000,-
    Support 100 Bank BCA,MANDIRI,BNI,BRI.DANAMON,CIMB NIAGA,PERMATA, DLL

    Link Alternatif :
    www. bolavita. club
    www. bolavita. cc
    www. bolavita. pw
    www. 855sm. com

    Hubungi kami:
    Wechat : Bolavita
    WA : +62812-2222-995
    Line : cs_bolavita
    BBM PIN : BOLAVITA ( Huruf Semua )

    BalasHapus